Tuesday, February 23, 2016

FALSAFAH budaya ORANG JAWA di dalam kehidupan sehari hari

 FALSAFAH BUDAYA ORANG JAWA di dalam kehidupan sehari hari
(Kebudayaan yang indah, bermakna, terdepan, unggul dan terpuji).
Tiyang Jawi kawentar salah satunggaling golongan bebrayan agung ingkang nggadhahi falsafah saha unggah-ungguh alus lan jangkep. Sadaya tingkah laku saha tata basa ingkang karacik, mujudaken asil pikir kabudayan ingkang sampun kaolah kanthi sampurna. Pramila mboten klentu menawi kabudayan Jawi kondhang "Kabudayan ingkang Adi Luhung"

(Kebudayaan yang indah, bermakna, terdepan, unggul dan terpuji).

Sadaya tindak-tanduk kebak ing tata krama, ingkang mawujud kanthi basa lan pakarti utama. Sesrawungan kaliyan tiyang Jawi boten wonten ingkang boten remen, temtu kathah remenipun. Sebab tiyang Jawi kondhang klaloka ing babagan kapinteran damel remen manahipun tiyang sanes. Wonten ing salebeting manah saged ugi mboten remen, nanging pasuryan, tata basa, lan pasuryan, tetep ngetingalaken raos remen lan nyengsemaken.

Jagading pamulangan lan pitutur ingkang awujud, Unen-unen, Bebasan, Paribasan, Isbat lan Saloka, ngemot kawruh ingkang limpad ing babagan watak lan budi pakarti.

Kados tuladha "Unen-unen" ing ngandhap punika :

1. "Rumangsa melu handabeni, wajib melu hangrungkepi, mulat sarira hangrasa wani"
 (merasa ikut memiliki, harus ikut melindungi, dan senantiasa pandai memawas diri atau koreksi diri sendiri) 

2. “Aja mung waton ngomong, nanging ngomonga nganggo waton“. 
(jangan asal bicara, tetapi bicaralah dengan alasan yang jelas).

3. "Aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa"
 (jangan merasa bisa, tetapi pandailah merasa atau menggunakan perasaan).

4. "Tuna sathak bathi sanak"
 (ibarat orang dagang, rugi sedikit tidak mengapa, asal dapat menambah persaudaraan).

5. "Bandha bisa lunga, pangkat bisa oncat, bojo ayu bisa melayu" 
(harta dapat lenyap, jabatan dapat hilang, istri cantik bisa pergi, yang bermakna segala apa yang dimiliki bisa hilang kapan saja).

6. “Wani ngalah luhur wekasane“ 
(Siapa yang mau mengalah nantinya akan mendapat kemenangan)

7. “Aja nggege mangsa ndhisiki kersane sing gawe urip“
 (Jangan menempuh jalan pintas, kalau memang sudah kehendak Allah SWT akan terlaksana juga)

8. “Sapa temen tinemu“
 (Siapa yang tekun mencari, akhirnya akan mendapatkan juga)

8. “Durung besus kaselak becus“ (Belum belajar sudah berlagak pandai)

9. "Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti" 
(Meski orang mempunyai kesaktian, kelihaian, kekuatan, kedudukan, yang tinggi, tetapi kalau prilakunya jahat dan keji, akan dapat dikalahkan dengan orang yang jujur dan berbudi pekerti)

10. “Ing ngarsa asung tuladha, ing madya ambangun karsa, tut wuri handayani“ 
(Jika didepan harus memberi contoh, jika ditengah harus memberi semangat, jika dibelakang harus memberi kekuatan atau dorongan)

Makaten kirang langkung menggah kawruh sapala babagan “FALSAFAH JAWA“. Pranyata Kabudayaan Nasional kathah ingkang dipunpundhut saking adat istiadat lan falsafah Jawi.

0 komentar

Post a Comment